biyung, aku budhal.
adhuuuuh, nikmateeee ………….
KASETYANE REMBULAN....
ora
rembulan iku ora nate selak
samangsa ketiga ngelak
angin kang nepusi mega
sumilak
pucet praene
paripeksa mesem
marang wengi
marang kadurjanan
marang guyu-guyu setengahe
nalika sikil tumapak ing tlatah iki
banjur mripat natap-natap sesawangan
godhong-godhong gegancangan kumlawe
“sugeng rawuh, sumitra”
“sugeng mecaki bumi katresnan”
“sing adoh karo pradongdi nglara ati”
angin sumribit ngelus pangrasa ing pulung ati
tumancep angles ginurit tabet pingget
muhung katresnan putih ngurut dalan pungkasan
akh, saupama dalan sing mungkur wingi
sinasak angin gumerit nadyan peteng nggameng
ora bakal banjur dadi dalan pakulinan
kaya ocehe manuk kalamangsa methuk esuk
mendah endahe tlatah warisan
sing pinayungan wit-wit ngrembuyung
banjur ing kana ana lelungidan
“esem kembang mlathi wangi gagang jo”
“kedhep mawar abang sing ngawe-awe kumlawe”
“banjur lamat-lamat keprungu kekidung nglangut nggerus ati”
“mitraku sawangen ing taman kana”
mendah endahe, mendah endahe
yen ing sadhengah papan
sinaput angin kanthi kidung esem sunggingan ati
“sumangga sakersa Paduka Gusti”
“ing asta Paduka tuking katentreman”

DesiComments.com | Rose | Forward this Picturegentung?
met siang????
sory neh bru bal;s!!!!
coz dudulz na baru balik dr kampoeng!!!
hehehehheeee
aku di wonosobo
da YM ga nie....?
Jo ngorok lek bu2k grebeki mbah mue
Jo ngorok lek bu2k grebeki mbah mue